Wektu aku dipasrahke mondok Lirboyo, Mbah Mahrus ngendika " Koe putune Mbah Dalhar? Nek isih ono sek koyo Mbah Dalhar aku pengen mondok meneh "
Aku penasaran, terus takon², turene, nek Mbah Dalhar ngaji iku ora diterangke, tapi ba'da ngaji santri² wes do paham. ( dadi santri gari nompo penake, ra sinau uwes paham)
Aku diceritani Kyai Machtum, kene iki ono wong cirebon, mbiyen arep mondok ng Mbah Dalhar malah dikon ngaji kitab ( makili/badali ), " iki kitabe, wes teko diwoco "dawuh Mbah Dalhar. Yo iso tenan akhire, pdhal wong mau ora iso ngaji
Tak teliti², disamping tirakate ng Mekah(22tahun), aku diceritani Ibuk, " Drik, Mbahmu kui (Mbah Dalhar) sak durunge ngaji, santri2ne kui ditirakati, diwacakke Dalail 3 khataman "
Betul2 kyai tanggung jawab, Mbah kui dawuh " Aku nek ora macakke Dalail sek, drpd santri ngaji mlebu kuping tengen metu kuping kiwo, ra ono atsare, mulo tak riyadohi sek "
Mbah kui ra tau pidato, tau taun 1957 acara Muktamar NU ng Magelang, iku mung " Assalamu'alaikum, somo sugeng sedoyo mawon "
Diceritakan oleh KH Mudrik Chudlori
Mbah Dalhar dan Dalail Khoirot
0 Komentar